Cari Blog Ini

Selamat Datang di Blog Saya
Selamat Menunaikan Ibadah Puasa
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 30 Juli 2011

Sardi Lan Walidi


SARDI lan WALIDI
Ing pesisir tanah Jawi ana bocah nelayan loro sing jenenge Sardi lan Walidi. Sardi iku nelayan sing pinter lan gigih,nanging Walidi kuwi nelayan kang seneng ngapusi lan wegah susah. Ana wulan Rejeb,iwak kang ana ing laut pada ora ono. Si Sardi langsung kepikir pengen nggolek iwak ing pesisir lor sing angker lan akeh setane. Sardi ing tengah wengi langsung mangkat ing pesisir lor sing akeh iwak lan setane kuwi.

Pas tekan panggone,Sardi langsung iruh sak tumpuk iwak. Nanging ning kana ana setan kang cacahe sepuluh lagi turu. Saking ngantuke,si Sardi yo melu turu karo setane. Salah sijine setan mau kroso yen panggone turu dadi sesak,setan mau langsung ngugah kabeh kancane lan sardi langsung ngitung “Siji,loro,telu,papat,lima,enem,pitu,wolu,sanga,sepuluh karo aku” setan-setan mau pada percaya karo Sardi lan bali turu meneh.

Akhire Sardi langsung tanggi lan mlayu njupuk iwake mau terus bali mulih. Sardi langsung ceita karo Walidi nek entuk iwak akeh ning pesisir lor,Walidi langsung mangkat ning pesisir lor lan weruh iwak sak tumpuk lan langsung njupuk iwake mau,nanging setane mau wis mudheng nek arep di apusi meneh. Akhire Walidi di tarik lambene nganti ndower.

Si Walidi langsung njaluk ngapura karo Sardi,gara-gara tau ngapusi Sardi lan saiki entuk timbal balike. Sardi yo ngapura si Walidi. Terus iwake mau di bagi nggo mangan bareng-bareng.

Hastha Brata

HASTHA BRATA                              

Hastha artosipun wolu
Brata artosipun watak utawi sifat

Ugi saged dipunmaknani menawi hastha brata inggih punika wolu watak utawi sifat utama ingkang kedah dipuncepeng lan dipuntidhakaken dening pemimpin utawi sinten kemawon ingkang kepilih dados pemimpin ingkang dipunpendhet saking watakipun alam.
Istilah punika dipunpendhet saking buku Ramayana anggitanipun Yasadipura I     
Dewa Kasebat inggih punika :

- Batara Wisnu : simbol Bumi [Siti]
- Batara Bayu : simbol Angin  [Maruta]
- Batara Baruna : simbol Air [Toya]
- Batari Ratih/Chandra : simbol Bulan [Rembulan]
- Batara Surya : simbol Matahari [Surya]
- Batara Indra : simbol Langit
- Batara Brama : simbol Api [Geni]
- Batara Kartika/Ismaya : simbol Bintang [Lintang]

Bumi, watakipun ajeg. Sifatipun ingkang tegas, ‘konsisten’ lan menopo wontenipun. Bumi menehi kasejahteraan dumatheng sedoyo makhluk ingkang wonten ing inggilipun bumi, mboten mbedakaken.

Angin punika hawa ingkang obah. Maksutipun menawi hawa punika wonten ing pundi kemawon. Lan angin punika entheng ing pundi kemawon. Dados pemimpin punika ugi mboten ngraosaken sayah ngawasi ingkang dipunpimpin. Lan menawi dipunbetahaken kedah siap.

Air mili ngantos tebih saking panggenan ingkang inggil ngantos panggenan ingkang andhap lan toya mesthi nggadahi permukaan ingkang leter. Artosipun, pemimpin kedah nggadahi watakipun toya ingkang nggadahi prinsip keadilan lan ‘sama rata’. Kejaba niku, sifatipun toya inggih punika ngresiki. Pemimpin kedah resik lan saged ngresiki  lingkunganipun saking rereget.

Bulan menehi cahyo rikala peteng kanthi cahyo ingkang sejuk lan ngremenaken. Pemimpin ingkang nggadhahi sifatipun rembulan menehi kalonggaran rikala peteng, menehi panglipur rikala susah, menehi mergi rikala wonten masalah lan dados panengah rikala wonten konflik.

Matahari  menehi cahyo rikala siang, kaangetan, lan ‘energi’ ingkang rata wonten ing saklumahing bumi. ‘Energi’ saking surya ugi dados sumbering tenaga saking sedoyo panggesangan wonten ing bumi. Pemimpin ugi kedah menehi semangat, menehi motivasi lan menehi faedahipun pengatahuan kagem tiyang ingkang dipunpimpin.

Langit ‘kadang’ ketingalan endah lan medheni nanging menawi sampun dados jawah ndadhosaken berkah sarto dados sumber panggesangan kagem sedoyo makhluk. Kados dene langit, pemimpin kedah nggadhahi kawibawan sahenggo ingkang dipunpimpin nggadhahi raos ajrih menawi tumindhak salah lan nglanggar aturan. Nanging ugi nggadhahi usaha menehi kasejahteraan.

Api sifatipun ngobong.  Artosipun pemimpin kedah saged mbangkitaken semangat menawi dipunperlukaken kagem kelangsunganipun satunggalipun organisasi.

Bintang punika saged nunjukaken kiblat ingkang sae. Pemimpin kedah nggadhahi watak kados lintang, artosipun kedah saged dados panutan lan maringi tuladha dumatheng tiyang ingkang dipunpimpin. Pendirian ingkang kiat amargi dados pedomanipun kiblat utawi arah anggenipun mlampah.

Geguritan


Ing ngisor iki ana tuladha geguritan, monggo dipunwaos :

KUCIWA

Direwangi ngomong adol abab
Nganti ninggal tanggung jawab
direwangi tombok
pikiran, tenaga, lan dana setenggok

Basan wis dadi…..
Endi?.... ora mangerti
Mesthine nganggo ati lan nurani
kang dienggo makili

Telung taun lampahnya
Dumugi saiki durung bisa tumata
Rakyat tambah rekasa
ora kuwawa arep mbalela

Mbokyo padha elinga
yen paduka minangka wakil kawula
aja agawe kuciwa
warga kang wis percaya marang paduka

Endi janjimu
rikala kampanye pemilu
warga kabeh nunggu
bantuan saka seliramu




KABEH ANA MANGSA LAN WEKTUNE

ana lahir ana mati
ana lunga ana bali
ana tuna ana bathi
ana nandur ana ngundhuh
ana menang ana kalah
ana bungah ana susah
ana cilaka ana begja

sing saiki lair besuke bakal mati
sing saiki lunga mesthi bakal bali
sing tau nandang tuna bakal oleh bathi
sapa sing nandur bakal ngundhuh
sing tau ngalami menang bakale kalah
sing nate bungah bakal susah
sing saiki cilaka bakal nemu begja

kabeh mangsa wis tinata
sakeh wektu wus tinamtu
kabeh mau ana mangsa lan wektune





Geluduk Murka

Ora ngira, ing wayah wengi tanpa mendung,
Geluduk jumedar-jumeder gegilani
Lintang semburat saparan-paran,
Bulan singitan sawalike gunung
Iki tandane apa, iki tandane apa,
Sasi becik, kok ya ana makhluk murka
Ngudal-udal angkuh lan kadigdayane



KEPLAYU

Lamun koe isoh mlayu
Supaya ora mlebu pakunjaran
Ning, panggonan katentreman ora bakalan tinemu
Amerga ngendi-ngendi ana pakunjaran

Dhuwit saka kas negara bakal dadi kuburanmu
Tanpa kenanga, tanpa dupa

Lan putra putrimu bakal bingung
Milih donga kanggo sira
Amergo sira pancen wis ora pantes nggayuh swarga

Saumpama arep mertobat
Wis kebacut wareg mangan dhuwite rakyat
Dosamu uga mring rakyat
Kang kuwasa ra dhuwe hak paring pangaksama

Ora ana gunane kowe mlayu apa minggat
Utawa malih rupa kanthi operasi
Amerga playumu teteping salumahing bumi
saben wengi bakal klisak-klisik ing turu wengimu

mula ora susah keplayu
luwih becik tetep ing omahmu
amerga kabeh palu wus bira katuku
pakunjaran uga wis kebak karo kanca-kancamu




TETES LUH

Lintang wengi iki, katon remen suryane
Koyo dene aku, sing kelangan sliramu
Opo to salahku, koe ninggalke aku
Koyo dene aku, ra ono gunane
Aku ra nyono yen koe bakal nglarani
Sing tak gagas tenan ,
Malah gae loro ati
Tetes luh iki,
Ra isoh mblenjani,
Kangene atiku, kelingan sliramu