Cari Blog Ini

Selamat Datang di Blog Saya
Selamat Menunaikan Ibadah Puasa

Sabtu, 30 Juli 2011

Geguritan


Ing ngisor iki ana tuladha geguritan, monggo dipunwaos :

KUCIWA

Direwangi ngomong adol abab
Nganti ninggal tanggung jawab
direwangi tombok
pikiran, tenaga, lan dana setenggok

Basan wis dadi…..
Endi?.... ora mangerti
Mesthine nganggo ati lan nurani
kang dienggo makili

Telung taun lampahnya
Dumugi saiki durung bisa tumata
Rakyat tambah rekasa
ora kuwawa arep mbalela

Mbokyo padha elinga
yen paduka minangka wakil kawula
aja agawe kuciwa
warga kang wis percaya marang paduka

Endi janjimu
rikala kampanye pemilu
warga kabeh nunggu
bantuan saka seliramu




KABEH ANA MANGSA LAN WEKTUNE

ana lahir ana mati
ana lunga ana bali
ana tuna ana bathi
ana nandur ana ngundhuh
ana menang ana kalah
ana bungah ana susah
ana cilaka ana begja

sing saiki lair besuke bakal mati
sing saiki lunga mesthi bakal bali
sing tau nandang tuna bakal oleh bathi
sapa sing nandur bakal ngundhuh
sing tau ngalami menang bakale kalah
sing nate bungah bakal susah
sing saiki cilaka bakal nemu begja

kabeh mangsa wis tinata
sakeh wektu wus tinamtu
kabeh mau ana mangsa lan wektune





Geluduk Murka

Ora ngira, ing wayah wengi tanpa mendung,
Geluduk jumedar-jumeder gegilani
Lintang semburat saparan-paran,
Bulan singitan sawalike gunung
Iki tandane apa, iki tandane apa,
Sasi becik, kok ya ana makhluk murka
Ngudal-udal angkuh lan kadigdayane



KEPLAYU

Lamun koe isoh mlayu
Supaya ora mlebu pakunjaran
Ning, panggonan katentreman ora bakalan tinemu
Amerga ngendi-ngendi ana pakunjaran

Dhuwit saka kas negara bakal dadi kuburanmu
Tanpa kenanga, tanpa dupa

Lan putra putrimu bakal bingung
Milih donga kanggo sira
Amergo sira pancen wis ora pantes nggayuh swarga

Saumpama arep mertobat
Wis kebacut wareg mangan dhuwite rakyat
Dosamu uga mring rakyat
Kang kuwasa ra dhuwe hak paring pangaksama

Ora ana gunane kowe mlayu apa minggat
Utawa malih rupa kanthi operasi
Amerga playumu teteping salumahing bumi
saben wengi bakal klisak-klisik ing turu wengimu

mula ora susah keplayu
luwih becik tetep ing omahmu
amerga kabeh palu wus bira katuku
pakunjaran uga wis kebak karo kanca-kancamu




TETES LUH

Lintang wengi iki, katon remen suryane
Koyo dene aku, sing kelangan sliramu
Opo to salahku, koe ninggalke aku
Koyo dene aku, ra ono gunane
Aku ra nyono yen koe bakal nglarani
Sing tak gagas tenan ,
Malah gae loro ati
Tetes luh iki,
Ra isoh mblenjani,
Kangene atiku, kelingan sliramu