SARDI lan WALIDI
Ing pesisir tanah Jawi ana bocah nelayan loro sing jenenge Sardi lan Walidi. Sardi iku nelayan sing pinter lan gigih,nanging Walidi kuwi nelayan kang seneng ngapusi lan wegah susah. Ana wulan Rejeb,iwak kang ana ing laut pada ora ono. Si Sardi langsung kepikir pengen nggolek iwak ing pesisir lor sing angker lan akeh setane. Sardi ing tengah wengi langsung mangkat ing pesisir lor sing akeh iwak lan setane kuwi.
Pas tekan panggone,Sardi langsung iruh sak tumpuk iwak. Nanging ning kana ana setan kang cacahe sepuluh lagi turu. Saking ngantuke,si Sardi yo melu turu karo setane. Salah sijine setan mau kroso yen panggone turu dadi sesak,setan mau langsung ngugah kabeh kancane lan sardi langsung ngitung “Siji,loro,telu,papat,lima,enem,pitu,wolu,sanga,sepuluh karo aku” setan-setan mau pada percaya karo Sardi lan bali turu meneh.
Akhire Sardi langsung tanggi lan mlayu njupuk iwake mau terus bali mulih. Sardi langsung ceita karo Walidi nek entuk iwak akeh ning pesisir lor,Walidi langsung mangkat ning pesisir lor lan weruh iwak sak tumpuk lan langsung njupuk iwake mau,nanging setane mau wis mudheng nek arep di apusi meneh. Akhire Walidi di tarik lambene nganti ndower.
Si Walidi langsung njaluk ngapura karo Sardi,gara-gara tau ngapusi Sardi lan saiki entuk timbal balike. Sardi yo ngapura si Walidi. Terus iwake mau di bagi nggo mangan bareng-bareng.