HASTHA BRATA
Hastha artosipun wolu
Brata artosipun watak utawi sifat
Ugi saged dipunmaknani menawi hastha brata inggih punika wolu watak utawi sifat utama ingkang kedah dipuncepeng lan dipuntidhakaken dening pemimpin utawi sinten kemawon ingkang kepilih dados pemimpin ingkang dipunpendhet saking watakipun alam.
Istilah punika dipunpendhet saking buku Ramayana anggitanipun Yasadipura I
Dewa Kasebat inggih punika :
- Batara Wisnu : simbol Bumi [Siti]
- Batara Bayu : simbol Angin [Maruta]
- Batara Bayu : simbol Angin [Maruta]
- Batara Baruna : simbol Air [Toya]
- Batari Ratih/Chandra : simbol Bulan [Rembulan]
- Batara Surya : simbol Matahari [Surya]
- Batara Indra : simbol Langit
- Batara Brama : simbol Api [Geni]
- Batara Kartika/Ismaya : simbol Bintang [Lintang]
- Batara Surya : simbol Matahari [Surya]
- Batara Indra : simbol Langit
- Batara Brama : simbol Api [Geni]
- Batara Kartika/Ismaya : simbol Bintang [Lintang]
Bumi, watakipun ajeg. Sifatipun ingkang tegas, ‘konsisten’ lan menopo wontenipun. Bumi menehi kasejahteraan dumatheng sedoyo makhluk ingkang wonten ing inggilipun bumi, mboten mbedakaken.
Angin punika hawa ingkang obah. Maksutipun menawi hawa punika wonten ing pundi kemawon. Lan angin punika entheng ing pundi kemawon. Dados pemimpin punika ugi mboten ngraosaken sayah ngawasi ingkang dipunpimpin. Lan menawi dipunbetahaken kedah siap.
Air mili ngantos tebih saking panggenan ingkang inggil ngantos panggenan ingkang andhap lan toya mesthi nggadahi permukaan ingkang leter. Artosipun, pemimpin kedah nggadahi watakipun toya ingkang nggadahi prinsip keadilan lan ‘sama rata’. Kejaba niku, sifatipun toya inggih punika ngresiki. Pemimpin kedah resik lan saged ngresiki lingkunganipun saking rereget.
Bulan menehi cahyo rikala peteng kanthi cahyo ingkang sejuk lan ngremenaken. Pemimpin ingkang nggadhahi sifatipun rembulan menehi kalonggaran rikala peteng, menehi panglipur rikala susah, menehi mergi rikala wonten masalah lan dados panengah rikala wonten konflik.
Matahari menehi cahyo rikala siang, kaangetan, lan ‘energi’ ingkang rata wonten ing saklumahing bumi. ‘Energi’ saking surya ugi dados sumbering tenaga saking sedoyo panggesangan wonten ing bumi. Pemimpin ugi kedah menehi semangat, menehi motivasi lan menehi faedahipun pengatahuan kagem tiyang ingkang dipunpimpin.
Langit ‘kadang’ ketingalan endah lan medheni nanging menawi sampun dados jawah ndadhosaken berkah sarto dados sumber panggesangan kagem sedoyo makhluk. Kados dene langit, pemimpin kedah nggadhahi kawibawan sahenggo ingkang dipunpimpin nggadhahi raos ajrih menawi tumindhak salah lan nglanggar aturan. Nanging ugi nggadhahi usaha menehi kasejahteraan.
Api sifatipun ngobong. Artosipun pemimpin kedah saged mbangkitaken semangat menawi dipunperlukaken kagem kelangsunganipun satunggalipun organisasi.
Bintang punika saged nunjukaken kiblat ingkang sae. Pemimpin kedah nggadhahi watak kados lintang, artosipun kedah saged dados panutan lan maringi tuladha dumatheng tiyang ingkang dipunpimpin. Pendirian ingkang kiat amargi dados pedomanipun kiblat utawi arah anggenipun mlampah.